Selasa, 02 Juli 2013

Move On Melupakan Masalalu

Apal kuwe move on?? Move on
kuwe sejenis panganan sekang
glepung sing di wei klapa, isine
gula jawa.. Kuwe klepoooonn!!!
#ngob.

Move on. Move kuwe obah, on
kuwe murub. Dadi, move on
kuwe
barang sing obah terus murub.
Obah apane? Anune. Murub
apane? Murub muatamuuu...!!

Kurang lewihe kaya kuwe
artine.
Nek lewih ya ngeneh di balekna.
Move on kuwe nek jere cah gaul
jaman siki.. (brarti nyong wong
ora gaul jaman kuna yah?
melasi),

Move on kuwe ibarat
melupakan masa lalu, nglakoni
apa sing neng ngarep. Dadi
misale neng mburi
ana tembelek, kudu mlayu..
Kaya
kuwe yah?? Mbuh.

Ora gampang pancen arep
move
on, apamaning move on sekang
mantan (nek duwe). Kadang ati
esih tresna, dadi ora bisa
ngelalekna mantan, ngasi ora
bisa madang, ora bisa turu, ora
bisa ngising. Jaannn.. melasi
temen
uripe yah..
Jane sih yah, mantan kuwe kan
wis dadi kenangan. Kudune
mikir lan nglakoni nggo masa
depan. # tumbenbener.

Siki tek wei tips meng koe
pada,
kepriwe carane ben cepet
move on:

1. Aja duwe mantan. Kiye tips
sing paling manjur nek
arep move on. Nek koe ora
duwe
mantan, ora usah perlu repot2
move on. Arep move on sekang
sapa, mantan bae ora
duwe..Mantan majikan lah iya.

2. Nggolet mantan sing elek.
Nek koe duwe mantan sing
apik, biasane kan angel
ngelalekna. Nah,
mulane nek arep nggolet
mantan,
sing elek bae. Misale siki koe
duwe
pacar sing elek, nah berarti pas
kuwe di putus siki bae ben
cepet move on.

3. Ilang ingatan
Jajal. jeblesna sirahmu meng
tembok. Sapa ngerti bisa ilang
ingatan. Dadi wis ora kelingan
mantan.

4. Aja ngintipi mantan.
Nah kiye, pegaweane wong
sing
kurang gawean. Wis dadi
mantan tapi status facebooke,
status twittere, esih bae di
intipi. Aja
nganti juga ngintipi mantanmu
nek lagi adus. Sebab koe ora
bakal bisa move on nek kaya
kuwe,
matamu ya bisa2 timbilen.
Sukur
sukur ora konangan. Nek
konangan ya modar bae.

5. Di eling eling sing elek.
Nek lagi kelingan mantan, aja
mikir
sing apik. Mikir sing elek
tentang mantanmu kuwe.
Contone, keleke
ireng, ora tau adus, mambu
langu,
selingkuhan, ora tau kathokan.
Lan
kelakuan elek sing lia2ne.

6. Golet pacar sing anyar.
Nah kiye sih gampang
gampang angel. Sing jomblo
taunan bae
kadang ora olih-olih pacar
tekan
siki, apamaning sing tembe
putus.
Bisane sih suwe. Tapi ya sing
sabar bae. Esih mending lah
nasibe
ketimbang sing jomblo taunan..

7. Golet kanca sing akeh.
Salah sijine cara ngelalekna
mantan, merga dewek sibuk
kegiatan karo kanca-kanca.
Dadi
ora ndekem bae neng kamar
kaya
ayam arep ngendog. Ngerti
ngerti kendat.. Golet kanca sing
akeh,
saben ketemu wong, di ajak
dadikna kanca. Sedina koe
ketemu
satus wong, duwe satus kanca.
Dikeplaki lah iya sok kenal.
Sepisan pindo dolan karo kanca
rekreasi.
Maring Baturaden ya kena, trus
mudun sitik menggok GS.

8. Aja kakehan foto.
Biasane sing angel gawe move
on
kuwe nek weruh fotone.
Mulane
nek lagi pacaran, ora usah
kakehan foto. Mengko kesel
mbuseke. Apamaning di
pasang-
pasang neng facebook, kaya
arep
dodolan bae. Nek jeneng
mantanmu esih ana neng hape,
ganti bae jenenge, misale
"tukang
panci", "bakul cilok", lan lia-liane.

9. Jaga jarak.
Pokoke koe aja cedek2 karo
mantan, apamaning se kamar,
di jamin ora bakal bisa move
on. Nek
misale mantanmu neng
Purwokerto, koe lunga adoh
nganah meng Arab. Nek ora,
koe mabur meng Antartika bae,
pacaran karo beruang kutub.

10. Nerima lan Ndonga.
Cara sing terakhir, sing nerima
lan
akeh akeh ndonga. Aja maring
dukun trus di santet. Kuwe wis
jaman kuna. Sing jenenge
mantan,
kayane wis pancen udu jodohe,
dadi kudu nerima neng ati.
Mantan kuwe kan jodohe wong
lia sing
mampir sedela. Dadi ikhlasna
bae nek mantanmu karo liane.
Esih akeh menungsa neng
dunya kiye
sing lewih apik sekang
mantanmu.
Uripmu kudu maju, ora mung
mikirna masa lalu.

Kaya kuwe bae lah. Semoga sing lagi
kepengin move on, cepetan
move on. Alon alon sing
penting move on. Nek
esih ora bisa move on bae, apa
ya kuwe urusanku? Ora urusan,
Ora urunan, Ora duwe duit.