Sabtu, 16 November 2013

Cerita Lucu Versi Kentut

KENTUT VERSI GURU

Ketika Rapat Para Guru dgn Kepala
Sekolah Sedang
Berlangsung...,Tiba - tiba Terdengar
Suara Angin
yg dibarengi Aroma Tdk Sedap...
Guru yang lain pun Mengomentari...:

Guru Matematika: Sesuatu yang Tidak Bisa
di Kali
Namun Baunya Bisa di Bagi - Bagi.

Guru Kesenian: Bunyi Nadanya Terletak
Pada Kunci
K

Guru Fisika: Inilah yang di Sebut Inner
Power,
Tenaga yang di Gunakan Kecil Namun
Hasilnya
Luar Biasa

Guru Biologi: Inilah Ciri Makhluk Hidup
Melanjutkan
Hidupnya

Guru Agama: Ini Salah Satu Penyebab
Batalnya
Wudhu dan doa

Guru Geografi: Posisi Keberadaannya
Mengikuti
Arah Mata Angin

Guru Sosiolog: Perilaku Menyimpang Pada
Sikap
Manusia

Guru Sejarah: Salah Satu Penyebab
Terjadinya
Perang Mulut

Guru Bahasa: Kalimat Bisa di Tulis Namun
Aromanya Tak Bisa di Ungkapkan dgn Kata -
Kata

Kepala Sekolah: taik kucing lah....!!!... Bau
Bangkai..,
Siapa yang Kentut..???
Bubaarr smuaaa...!!!

Selasa, 03 September 2013

Obrolan Arisan

18+ "obrolah curhat nang arisan
nyritakaken bojone dewek"

Istri Anggota Legislatif :" Duh,
jeng... bojoku tekan nikah gemiyen
gutul siki kawit dadi calon nganti dadi anggota legeslatif, kur 7 kali thok ngeranjang, saben ndina kur janji2 thok jan kepriwe jeng."

Istri polisi:" wiiih jeng...ngger bojoku lah hebat banget, pokoke ngger tes di periksa, diteken trus
langsung di tembak, aku dadi kaya
tahananne...ben eran lhooh...!!

Istri TNI :" waaawaw enak doonk mbak....ngger aku...nembe di kokang langsung di tembak, dadi kaya ketemu musuh nang medan
perang...."

Istri Satpol PP :"lha Situu mah tesih
enak ajeng-ajeng... Laaah aku....
diobrak- abriik thok...tapi ora
ditembak-tembak , di anggape aku kiyeh PKL, apa yah..??

Istri Satpam :" Laaah aku malah
lewih parah jeng-jeengg.... masaa
aku kur dibukak - ditutup,,bukak
maning - tutup maning,, dibuka
maning - ditutup maning,,,,trus
ditongkrongin thok ora ditembak2, kan aku udu portal..!!

Istri hansip :" Aku malah sing
paling ora enak....!! Masaa kur dikelilingin, diketok-ketok.. terus
dipenthelngin thok....boro-b oro
ditembak..apa aku aku dikira tanah kosong apa yah...!!!!

Senin, 19 Agustus 2013

Cerita Lucu Pengin Mbojo

Kasim : Ramane….aku kepengin mbojo.....

Ramane : Bagus pisan nek ko kepengin mbojo, mbojo karo wong endi ...?

Kasim : karo wong Purwokerto kene ...!

Ramane : Hah…aja karo wong
Purwokerto, Ramamu 3 tahun dadi playboy disana, aku wedi ko
mbojo karo adimu dewek......

Kasim : Nek kaya kuwe karo wong
Purbalingga bae ...

Ramane : Aja, Ramamu 5 tahun
dadi playboy nang Purbalingga...!

Kasim : kepriwe si ….nek karo wong Jepara sing adoh olih apa ora...?

Ramane : Aja….aja, 2 tahun dadi
playboy nang Jepara...!

Kasim : Aduh.….nek kaya kuwe aku ora sida mbojo (sambil
jengkel )
Lalu Kasim wadul karo Biyunge ......

Kasim : Yunge, jere Ramane aku
ora olih mbojo karo wong Purwokerto,Purb
alingga,Jepara .jere ramane pernah
dadi playboy nang kota2 kuwe
kabeh , ramane wedi mbok aku
keliru mbojo karo adiku dewek.…

Biyunge : Halaaahh....ora usah
dirungokna ramamu, ko dewek garep mbojo karo wong endi bae olih..bebas ....ko dewek durung
pasti anake ramamu...! Biyungmu
gemiyen 7 tahun dadi PLAYGIRL lan Perek wis bosan mrana mrene .

Kasim: halaaah jian Ramane karo
Biyunge pada bae gemblunge .....

Selasa, 02 Juli 2013

Move On Melupakan Masalalu

Apal kuwe move on?? Move on
kuwe sejenis panganan sekang
glepung sing di wei klapa, isine
gula jawa.. Kuwe klepoooonn!!!
#ngob.

Move on. Move kuwe obah, on
kuwe murub. Dadi, move on
kuwe
barang sing obah terus murub.
Obah apane? Anune. Murub
apane? Murub muatamuuu...!!

Kurang lewihe kaya kuwe
artine.
Nek lewih ya ngeneh di balekna.
Move on kuwe nek jere cah gaul
jaman siki.. (brarti nyong wong
ora gaul jaman kuna yah?
melasi),

Move on kuwe ibarat
melupakan masa lalu, nglakoni
apa sing neng ngarep. Dadi
misale neng mburi
ana tembelek, kudu mlayu..
Kaya
kuwe yah?? Mbuh.

Ora gampang pancen arep
move
on, apamaning move on sekang
mantan (nek duwe). Kadang ati
esih tresna, dadi ora bisa
ngelalekna mantan, ngasi ora
bisa madang, ora bisa turu, ora
bisa ngising. Jaannn.. melasi
temen
uripe yah..
Jane sih yah, mantan kuwe kan
wis dadi kenangan. Kudune
mikir lan nglakoni nggo masa
depan. # tumbenbener.

Siki tek wei tips meng koe
pada,
kepriwe carane ben cepet
move on:

1. Aja duwe mantan. Kiye tips
sing paling manjur nek
arep move on. Nek koe ora
duwe
mantan, ora usah perlu repot2
move on. Arep move on sekang
sapa, mantan bae ora
duwe..Mantan majikan lah iya.

2. Nggolet mantan sing elek.
Nek koe duwe mantan sing
apik, biasane kan angel
ngelalekna. Nah,
mulane nek arep nggolet
mantan,
sing elek bae. Misale siki koe
duwe
pacar sing elek, nah berarti pas
kuwe di putus siki bae ben
cepet move on.

3. Ilang ingatan
Jajal. jeblesna sirahmu meng
tembok. Sapa ngerti bisa ilang
ingatan. Dadi wis ora kelingan
mantan.

4. Aja ngintipi mantan.
Nah kiye, pegaweane wong
sing
kurang gawean. Wis dadi
mantan tapi status facebooke,
status twittere, esih bae di
intipi. Aja
nganti juga ngintipi mantanmu
nek lagi adus. Sebab koe ora
bakal bisa move on nek kaya
kuwe,
matamu ya bisa2 timbilen.
Sukur
sukur ora konangan. Nek
konangan ya modar bae.

5. Di eling eling sing elek.
Nek lagi kelingan mantan, aja
mikir
sing apik. Mikir sing elek
tentang mantanmu kuwe.
Contone, keleke
ireng, ora tau adus, mambu
langu,
selingkuhan, ora tau kathokan.
Lan
kelakuan elek sing lia2ne.

6. Golet pacar sing anyar.
Nah kiye sih gampang
gampang angel. Sing jomblo
taunan bae
kadang ora olih-olih pacar
tekan
siki, apamaning sing tembe
putus.
Bisane sih suwe. Tapi ya sing
sabar bae. Esih mending lah
nasibe
ketimbang sing jomblo taunan..

7. Golet kanca sing akeh.
Salah sijine cara ngelalekna
mantan, merga dewek sibuk
kegiatan karo kanca-kanca.
Dadi
ora ndekem bae neng kamar
kaya
ayam arep ngendog. Ngerti
ngerti kendat.. Golet kanca sing
akeh,
saben ketemu wong, di ajak
dadikna kanca. Sedina koe
ketemu
satus wong, duwe satus kanca.
Dikeplaki lah iya sok kenal.
Sepisan pindo dolan karo kanca
rekreasi.
Maring Baturaden ya kena, trus
mudun sitik menggok GS.

8. Aja kakehan foto.
Biasane sing angel gawe move
on
kuwe nek weruh fotone.
Mulane
nek lagi pacaran, ora usah
kakehan foto. Mengko kesel
mbuseke. Apamaning di
pasang-
pasang neng facebook, kaya
arep
dodolan bae. Nek jeneng
mantanmu esih ana neng hape,
ganti bae jenenge, misale
"tukang
panci", "bakul cilok", lan lia-liane.

9. Jaga jarak.
Pokoke koe aja cedek2 karo
mantan, apamaning se kamar,
di jamin ora bakal bisa move
on. Nek
misale mantanmu neng
Purwokerto, koe lunga adoh
nganah meng Arab. Nek ora,
koe mabur meng Antartika bae,
pacaran karo beruang kutub.

10. Nerima lan Ndonga.
Cara sing terakhir, sing nerima
lan
akeh akeh ndonga. Aja maring
dukun trus di santet. Kuwe wis
jaman kuna. Sing jenenge
mantan,
kayane wis pancen udu jodohe,
dadi kudu nerima neng ati.
Mantan kuwe kan jodohe wong
lia sing
mampir sedela. Dadi ikhlasna
bae nek mantanmu karo liane.
Esih akeh menungsa neng
dunya kiye
sing lewih apik sekang
mantanmu.
Uripmu kudu maju, ora mung
mikirna masa lalu.

Kaya kuwe bae lah. Semoga sing lagi
kepengin move on, cepetan
move on. Alon alon sing
penting move on. Nek
esih ora bisa move on bae, apa
ya kuwe urusanku? Ora urusan,
Ora urunan, Ora duwe duit.

Senin, 10 Juni 2013

Cerita Ngentut

Kepribadiane wong dideleng
sekang ENTUTE:

1.Wong ora Jujur: ngentut dewek nyalahna kancane.

2.Wong Pelit: ngentute mung
sepethit.

3.Wong Sombong: ngentute
diserokna kon pada krungu kabeh.

4.Wong ora Gaul: Nek ngentut
senenge umpetan.

5.Wong Plinplan: kancane ngentut melu ngentut.

6.Wong Apes: wong liya sing
ngentut, mlh deweke sing diarani.

7.Wong Boros: Nek ngentut ora
cukup sepisan.

8.Wong eman: nek ngentut
dibagik2na wong liya.

9.Wong Selingkuh: Nek ngentut
dialon2na kur muni peess…..

10.Wong Sekti: entute ora moni
tp bacin.

11.Wong Nyantheng : nek
ngentut malah mendhelik karo
ngamuk-ngamuk.

12.Wong Ora Sabaran : wis ngedehen mbethuthut, ora
ngentut sing metu malah bole

13.Wong Kurang Kontrol : nek
ngentut wis kegawa ampase.

14.Wong kurang gawean: wong
sing gelem2e maca masalah Entut…..

Sabtu, 04 Mei 2013

Jawa Ngapak VS Karyawan KFC

Sebuah cerita orang
Purwokerto asli banyumasan
menelfon KFC untuk memesan,
berikut ceritanya :

Telfon Pertama
Tuyem : halloo...Kaepsi?
KFC : iya, ada yg bisa di bantu?
Tuyem : ayame ana apa ora?

KFC : oh ada
Tuyem : jajal gawa mrene, di
adu karo ayame inyong!
KFC. : X_X

Telfon Kedua
Tuyem : hallooo...kaepsi?
KFC : iya
Tuyem : delivery order?
KFC : iya
Tuyem : 24jam?
KFC : iya
Tuyem : Oooh hebat ya, kowe
ora tau turu!
KFC : :(

Telfon Ketiga
Tuyem : hallooo...kaepsi?
KFC : iya...
Tuyem : ayam ana?
KFC : ada
Tuyem : sega?
KFC : ada
Tuyem : es krim?
KFC : ada
Tuyem : burger?
KFC : ada! banyak! komplit!!
(bakule nesu )
Tuyem : esih ana kabeh? ora
payu apa!! =))
KFC : X_X

Telfon Keempat
Tuyem : hallooo.. Kaepsi?
KFC : kowe maning! arep
ngledek maning apa!
Tuyem : woi inyong arep
pesen! ya wis, inyong ora sida
pesen lah!
KFC : oh iya! mau pesen apa?
Tuyem : soto sokaraja baen
seporsi !!! :D
KFC : guoblok temen kowe...!!

Telfon Kelima
Tuyem : hallooo..kaepsi??
KFC. : mesti kowe maning, arep
ngapa kowe?
Tuyem : arep pesen ayam!

KFC. : oh iya! Apa lagi?
Tuyem : ayam karo sega! tapi
mbungkuse dipisah baen yak?
Mengko nek di dadekna siji, segane
entong dithotholi ayame

KFC. : wooooi wong edan! tak
tempiling sisan kowe

Jumat, 03 Mei 2013

Cerita Lucu Bahasa Jawa Ngapak

Restoran Indonesia

Wis ana sewulan DAPLUN karo
bendarane nang Amrik, bareng
weruh ana restoran 'masakan
Indonesia', wong sekloron
mlebu trus njagong adep2an.
Pelayane ROBOT nyedeki karo
takon

R : what is your nationality
D : Indonesia
SECARA OTOMATIS ROBOT
MERESET BAHASANYA.
R : selamat datang, apa bahasa
suku anda
D : banyumas, jawa tengah
R : sugeng siang, rika arep
pesen apa
D : ana pecel, mendoan, dage
karo wedang clebek apa ora
R : ana, garep pesen pirang
porsi
D : rong porsi baen
R : porsi gede apa porsi cilik
D : porsi gede
R : lomboke pira
D : sing siji lomboke 2, sijine
lomboke 5
R : lombok cengis apa abang
D : lombok cengis kena abang
kena
R : nganggo kangkung
D : ya
R : nganggo timun
D : ya
R : nanggo kol
D ; ya
R : kol lokal apa sekang
wonosobo
D : sekarepmu.!!! (daplun mulai
kesuh)
R : kacange diulek apa di
blender
D : diuleg.. goblog.!!! Karo
menteleng
R : nganggo brambang goreng
apa ora
D : nganggo. asu.!! (daplun
nggentak seru pisan)
R : nganggo piring apa
dipincuk
D : nganggo piring.!!
R : mendoan karo dage
digoreng nganggo margarin
apa lenga klentik
D : nganggo jlantah.. wedhus.!!
(daplun nggebrak meja, jengkel
banget wis 10 menit kok mung
ditakoni baen)
Robot meneng lampu matane
kerlob2 byar pet kayane lagi
mroses pesenane sendur, kira2
rong menitan robote moni
maning
R : kesuwun banget, pesenane
rika wis tek tampa, tapi
ngapura ya pesenane ora bisa
disuguhna
D : kenang apa sih, nyong wis
kencot banget setengah jam
mung tanya jawab tok
R : anu, asu karo wedhus sing
goblok digoleti ora ketemu
neng meta data, eh malah
cempuleke wis nang ngarepe
nyong
D : munyuk temenan kowe
bisa2 nyong dadi kenthir,
mayuh bendarane madang
nang restoran liyane baen....!

Bobodoran Bahasa Sunda

Bahasa Sunda itu jauh lebih
mudah daripada bahasa Inggris
buktinya:

1. Inggris = Spending a lot of
time with doing nothing
Sunda = Ngajedog

2. Got hit by a truck that is
moving backward
Sunda = Katabrak treuk

3. Talk too much about
unimportant things
Sunda = Ngacapruk

4. Fall backward and then hit
own head
Sunda = Ngajengkang

5. Falling forward and may hit
own face
Sunda = Tikusruk

6. A small sharp thing,
embedded inside one finger's skin
Sunda = Kasura

7. Have much less knowledge
Sunda = Belegug

8. A little chair made from
woods
Sunda = Jojodog

9. People who always annoy
other people
Sunda = Si kehed

10. Man or woman who has an
ugly face
Sunda = Goreng patut

11. Just take rest but didn't
sleep
Sunda = Gogoleran

12. Meals made from rice which
is covering by banana leaf and
have much of surprise inside
Sunda = Leupeut

13. The situation when your
brain need more oxygen
Sunda: Heuay

14. A woman who have
hillarious body like a Spain guitar
Sunda = Bahenol

15. People who have thought
more mature than her age
Sunda: Kokolot begog

16. A Type of People Who Have
a Long Chin
Sunda: Cameuh

17. A something that can
radiate the sparkling light
Sunda: Buricak Burinong

18. A very small plate, usually
used for pad of coffee cup
Sunda: Pisin

19. There's a little something
disgusting in your eyes
Sunda: Cileuh

20. That moment when you
walking after the rain and mud
is splattered on your shoes
Sunda: Jeblog

Lihat ! Bahasa Sunda mah
gampang kan!

Kamis, 02 Mei 2013

Cerita Humor Bahasa Jawa Ngapak

Ana singkatan, ana arti basa
Inggris, ana ana bae. #lho

Wis lah ora usah kakehan
cangkem, kiye di waca
neng ngisor.

Gemblungan : Sarapan
( asal kata sekang
gemblung = sarap ).
Mudeng ora?? Keplak sisan
nek ora mudeng. #lho

Love is crazy : Pacaran karo
wong gemblung (ana sing
gelem??)

Love is blind : Pacaran karo
tukang pijet ( blind : buta,
picek. Wong picek : tukang pijet)

Long Distance Relationship :
Pacaran karo Meteran.

Leave me alone : Lagi Ngising. ( Aja di ganggu )

HTS : Hubungan Tanpa Sempak
(enak adem.. silir)

TTM : Temen Tapi Mbayar
( Wani pira??? )

PSSI : Persatuan Sepakbola Sekarepe Inyong
( mbuh kae pada kakehan
karep, ora maju- maju
dadine lah bal-balane)

DPR : Dadi Pada Ruag.
(Wonge pada mikiri awake
dhewek tok, rakyate ora di
urusi lah) (ora kabeh sih)

Idola : Ireng Dower Ala.

Artis : Arep Tilik pipiS.
(tukang ngintip, malah ana
bintang bokep *ups*)

Aktor : Anune Keton koTor
( kaya videone.. Ah wis lah..)

Miss Understanding :
Bencong
(miss : wadon, under :
ngisore, standing : ngadeg
--> wong wadon sing
"ngisore" ngadeg)

In the KEN to the COT at the
BAD on the DOG : KENCOT MBADOG

Broken Heart : Ati di tugel-tugel ( Di cacag karo peso,
arep gawe sambel ati
ndean. Enak kayane )

Falling in Love : Tresna
gelem nyemplung jurang *plung*

Cinta Terlarang : Tresna
Paling Larang (regane
larang pisan, anu semilyar
trilyun ndean yah??)
Yunomisowell : Rika ngerti
lah nyong kuwe ala. #lho
(jujur banget)

Still loving you : Esih tresna
karo kowe >> lanang
(maho) *apanjajal*

Ngalkun : Kowe pada ngerti
monine kalkun?? cl*k icl*k
kicl*k.. Nah dadi Ngalkun
kuwe?? ( ngerti dhewek )
sabun-sabun...!